Translate

Senin, 30 Maret 2020

Buku: Kempalan Hadis-hadis Pinilih, Pakulinan Samangsa Sugeng, Tindak-tanduk tuwin Pangandikan-pangandikanipun Rasulullah ﷺ (pdf)



Islam punika agami ingkang leres. Ajaran kitab suci Al-Qur'an jangkep lan sampurna. Dene panutanipun Ingkang Minulya Kanjeng Nabi Muhammad saw. nuladhani wucalanipun kanthi sampurna.

Pangandikan sarta solah bawahipun Kanjeng Nabi sanget tandes nabet ing manahipun para sahabat. Sasampunipun seda, salah satunggaling garwa, Siti Aisyah ra., ngandika, “Saestu Gesangipun Kanjeng Nabi saw. punika ceples kaliyan Al-Qur'an.”

Mboten wonten ingkang geseh antawis pangandikanipun kaliyan Al-Qur'an. Wahyu ingkang tumurun dhumateng panjenenganipun murni mboten kecampuran nafsu pribadinipun. Saweneh ayat Al-Qur'an nekseni:

“Dheweke ora ngucap adhedasar hawa napsune. Kabeh kang diucapake adhedhasar Pangandikane Allah.”
(QS. An-Najm/Lintang/55:3-4)

Pribadinipun minangka tuladha ingkang sampurna kangge sedaya manungsa; Bab punika nyata kawedharaken ing salebeting Al-Qur'an:

“Satemene tumrape sira ana patuladhan sampurna, yaiku pribadi Rasulullah.”
(QS. Al-Ahzab/Para Papanthan/33:21)

Sampun wonten kumpulan ayat-ayat suci Al-Qur'an magepokan kaliyan tuladha gesangipun umat manungsa. Dene kitab punika ngemot kumpulan hadits-hadits ingkang antawisipun nyariosaken bab-bab ingkang magepokan kaliyan pangadataning gesang, tumindak serta pangandikanipun Rasulullah saw.donga, sarta cara panjenenganipun dakwah.


DAFTAR ISI


  • Niat lan Amal
  • Kaluhurane Allah swt.
  • Tauhid
  • Dzikir marang Allah
  • Asih marang Allah
  • Al-Qur'an Suci
  • Kautaman Tindak-tanduking Rasulullah saw.
  • Rukun Islam
  • Shalat lan Tata Cara Ngibadah
  • Haji
  • Nanjakake Bandha
  • Ngajak marang Kabecikan
  • Nikah
  • Budi Pakarti
  • Masarakat Islam
  • Atur Panuwun
  • Ngabekti marang Wong Tuwa
  • Pasrawungan
  • Asih marang Wong Cilik
  • Angapura
  • Tata Krama Mangan
  • Sandangan
  • Kamerin
  • Adigung
  • Goroh
  • Mlerete Umat Islam
  • Tumurune Imam Mahdi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar